Guru Ing Kasepen
Anggitanipun : Khikmatul Khanun
VIII H/16
Suwara manuk padha saut-sautan,
pitik jago padha lomba kluruk, apik-apikan. Wirama percikane suwara banyu
nganyesake kalbu ing wayah esuk. Sumilire bayu suwe-suwe bisa ngelus-elus awak
nganti marakake angler turu. Kahanan esuk iki ngelingake aku menawa dina iki
yaiku dina kang kaping pindhoku nginep ana ing daleme simbah.
“Piye le, wis teges durung? Gek ndang adus kana, tak
jak menyang alas!” Simbah kakungku ujug-ujug nangekake awakku saka kahanan
ngalamun ing jero kamar. Mbah Ardi. Simbah kakungku biasa diceluk mbah Bardi,
ananging anggonku nyeluk simbah yaiku mbah Ardi. Mbah Ardi iku senadyan uwis
rada tua anangin tetep ketok gagah prakosa, mula ora tau entek anggonku
nggumuni simbahku. Mbah Ardi iku uwonge alus, sabar, lan wicaksana.
“Sekedap mbah” Jawabanku ringkes tanpa tambah kocap
liya-liya. Tak silakne korden sing tememplek nutupi lawang kamar, aku banjur
arep metu saka kamar. JEDUG!!!
Benturan tak rasakke ing bathuk tengenku. Aku nggoceki sirahku, tak elus-elus.
Rumangsaku lawange simbah iku kurang dhuwur sitik. “Apa
aku rong dina iki saya tambah dhuwur, kok beda ra kaya ning omah?” batinku.
“Bima, Bima.
Yo ngene iki omahe mbahmu, omah jaman biyen. Aja kaget ya, haha...” Simbah
kakung nyahut, kaya-kaya mbah Ardi bisa krungu batinku. Sabanjure kui mung tak
tanggepi karo eseman, senadyan aku kurang paham, apane sing lucu???
Sakwise kedadean mau esuk, saiki saben aku mlebu
metu lawang kudu rada ndungkluk, mendhek. Saiki aku ana ing alase simbah.
Terangane jembar banget, nanging aku bingung. “ Mbah alas sementen ambanipun
kok boten wonten tanduran to mbah?” pitakonku penasaran. “Yo kudu diolah ndhisek,
bar kui ditanduri, prosese bertahap, ora langsung tuwuh... Ngunu.” Jelentrehe
simbah. Aku banjur manggut-manggut. Simbah lajeng nglanjutake gaweane ndhudhuhi
suket ing alas.
Wis ana antarane rong jam-an aku ana ing alas.
Rasane bosen banget, aku ora due gawean. Simbah Ardi malah urung
rampung-rampung anggone dhudhuhi suket. “Mbah, nyuwun ijin badhe wangsul
rumiyin. Angsal napa boten mbah?” pitakonku kaliyan simbah amarga wis ora betah
suwe-suwe ing alas. Aku ndhungkluk.
“Apa ora mengko-mengko wae le? Barengan karo aku,
sedilit mengkas Bim. Jam 13:00 ya?”
“Boten mbah. Kula pun boten saget nengga maleh.”
“ E... ya ngati-ati le. Kelingan dalan to???”
“ Inggih mbah. Kelingan kok.”
Aku banjur tumandang ngelangkahake sikil kanthi
rasan antarane kendel lan ragu ngedoh saka simbah kang lagi dhudhuh ana alas.
Rumangsa kurang sreg marang pamitku mulih dhewe. Kahanane kepepet lan
kemrungsung.
Tak kira-kira wis ana 30 menit kapungkur anggonku
pamit marang simbah, ananging lakuku isih napaki dalan kang ora bedo karo sing
mau. Dalan nggronjal durung mambu aspal, akeh wit-witan ing sakiwa tengene.
Jebul aku durung lunga saka area alas. Bener, aku lali dalan mulih. “Aduh! Kepiye iki??” batinku lirih
nggetuni kahanan kang marai mumet.
Tak inteni sinambi lungguh, pengarepku supaya mbah
Ardi lekas liwat ing dalan iki. Menawa simbah ora liwat metu kene, embuh bakal
kepiye mengko. Aku dadi bocah ilang ora konangan, niate liburan malah dadi
kesasar. Walah...
Untungna sakwuse adzan ‘asar dikumandangake saka
masjid kulon, simbahku, mbah Ardi nemoni aku ing dalan cerak alas mau. Kanthi
tatapan saka mripate simbah, bisa tak waca yen tatapan iku pratanda rasa simbah
nalika iku lagi mumet, jengkel, khuwatir, lan kesel nalikane simbah wis
kapethuk aku. “Lak iya ta...” ngendikane simbah nadane nyindir dibarengi ulate
rada mlirik ning awakku. “Hara, kapok ora saiki?” nadane wis bedo, rada
nggudha.
“Ampun mbah, kula kapok. Mboten meleh-meleh.” Aku
njaluk ngapura tenanan marang simbah.
“Iya ora apa-apa, suk meneh aja dibaleni.
Etung-etung iki dadi nambah pengalamanmu liburan ning panggone simbah.” Saurane
simbah ngenehi pangerten marang aku.
“Matur nuwun nggih mbah.”
“Ayo mantuk, gek maem. Wis ngelih ta lakkan?”
“Nggih mbah.”
Pengalaman iku maneka warna. Ana sing nyenengake, ora nyenengake, lucu, ngisin-isinke, lan sapanunggalane. Ananging menurutku, ing urip iki ora ana sing jenenge pengalaman kang elek. Kabeh pengalaman kui kang ngajari manungsa supaya we kudu bisa rubah dadi
kapribaden kang luweh apik. Contone pengalamanku mau, senajan marai isin ing
sangarepe simbahku ananging aku bisa methik hikmahe. Saploke pengalaman kui
kedadean, aku wis ora pernah kebat kliwat
gancang pincang maneh. Alhamdulillah.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar